Manungsa puniko kedah
sumerep ing Baitu’llahipun, badanipun manungsa puniko Baitu’llah ingkang
sayektos, yasanipun ingkang moho kuwaos, milo kedah dipun rekso. Sinten sumerep
asaling badanipun, sumerep budi-hawanipun inggih puniko ingkang saged kangge
tulodo.
Jagad puniko raganing gusti ingkang asipat budi lan hawa, sampun dados wajibing manungsa manut datheng eling budi karepan lan kawruhipun.
Jagading manungsa
puniko sampun mengku alam sahir kabir, sampun pepak: akhirat, swarga, neraka,
arasj kursi.
Pejahing manungso
ingkang utami puniko nemahi tigang perkara: putus, tilas, pulih. Wujudipun
risak, nanging ingkang risak naming ingkang asal saking roh idlafi, uripipun
langgeng naming rogo pisah kaliyan sukmo.
Dene gusti allah
puniko mboten kanta mboten warna, wujudipun naming asma, nglimputi wonten donya
tuwin akhirat, tepangipun amung kados cahyaning lintang lan rembulan.
Kepanggihe cahyo murub dados satunggal, mboten pisah mboten kumpul, tebih
mboten mawi wangenan, tebih mboten panggihan. Naming dzatipun nglimputi sadaya
wujud.
Manungsa raganipun
asal nutfah, sowan hyang latawalhudja, manawi panggenan sampun sepuh, nyuwun
ingkang enggal, dados mboten wongsal-wangsul ingkang dipun wastani pejah
gesang.
Urip tetep langgeng
mboten ewah gingsir, ingkang pejah naming raganipun, manawi raganipun sampun
sepuh, sukmanipun medal, nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi ingkang samoun
sepuh. Nutfah sampun ngantos ebah saking jagadipun, jagadipun manungsa puniko
langgeng mboten ewah gingsir. Inking ewah puniko makaming raos rogo wadag
ingkang asal saking roh idlafi.
Jagadipun tiyang
puniko guwo sir cipto namanipun, dipun bekto datheng pundi-pundi mboten ewah,
umuripun sampun dipun pastekaken, mboten saged ewah gingsir, sampun dipun serat
wonten lochil-makful. Bejo cilakanipun gumantung wonten ing budi nalar lan
kawruhipun.
Raga puniko dipun
ibarataken baita, dene sukmonipun inggih tiyang ingkah wonten baita wau, inking
nedahaken pandomipun, manawi baitanipun lumampah nangging salah pandomipun
tamtu manggih celaka, baita pecah tiyngipun rebah.
Pramilo kedah mapan,
mumpung baitanipun taksih lumampah, padeso kawruh ingkang katah, kawruh nyoto
ingkang sampurno. Kawruh kasunyatan ingkang saged kangge sangu gesang, gesang
langgeng ingkang mboten saged pejah.
Madosi asal mulaning
dumadi, kasunnyatan jati. Ngelmuning gusti allah puniko sampun wonten
githokipun piyambak-piyambak, wujudipun puji tok, dudu puji karenteging ati,
dudu puji ingkang metu saking lesan, nanging puji jatining kawruh, kang
ngawruhi sejatining urip, urip dadi wewayanganipun dzating pangeran, manungso
biso opo? Mobah mosik mung sadremo nglakoni, budi kang ngobahake, sabda
iku metu seko ing osik, osik metu soko ing cipta, cipta metu soko ing karep,
karep metu soko ing budi, budi iku dzate kang maha agung,
Agung iku wis
samekto, tanpa kurang lan wuwuh, ora arah ora enggon. Mboten tebih mboten
celak, kita wayanganipun wujud sipating sukmo, dipun anggep sariro tunggal,
budi hawa badan. Tiganipun sareng tumindakipun, mboten pisah inggih mboten
kumpul. Kantun asmo nglimputi badan, mboten enem mboten sepuh, mboten pejah
mboten gesang, gesangipun nglimputi salebeting pejahipun. Pejahipun nglimputi
salebeting gesangipun, langgeng salaminipun,
Mungguh dasaring
kawruh ono sak perangan perkoro:
1.
Sarak
yaiku sataring ngaurip yoiku: nampik-milih, iktiyar lan manggaota.
2.
Sari’at
yaiku saringane kawruh agal-alus.
3.
Tarekat
yaiku kang nimbang lan nanding bener luput.
4.
Hakekat
yaiku wujud kersaning Allah, ingkang ngobahake sarto ngosikake budi, eruh ora
kasamaran ing sawiji-wiji.
Milo wajibing
manungso nyinau warna-warna sastra paringe kang maha kuwoso supados sugih
pangerten lan elingan, saiggo mangerti dawuh lan wangsite pangeran. Biso metik
who kawruh lan who budi, pametike sak piro sakgaduke.
Sastraning gusti
Allah iku nglimputi ing njero, lan manut wujud, yaiku kang diarani sastra urip,
manungsa ora biso anggayuh, sadadyan para auliya, anggone ngayuh yo mung
sakgaduke.
Yen manungso arep
weruh sastraning gusti Allah, tulisan-tulisan ing sakperangan sastra suci kang
ono ora keno di tonton nganggo mripat lair, kudu ditonton nganggo mripat
bathin, yen mangkono lagi biso katon.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar